Monday, December 31, 2007

2008



HAPPY NEW YEAR 2008 TO ALL MY DEAR FRIENDS




Wish You a Happy NEw Year 2008


12 Month of HAPPINESS


52 weeks of FUN


365 days of SUCCESS


8760 Hours of GOOD HEALTH


525600 Minutes of GOOD LUCK


31536000 Seconds JOY


HAPPY NEW YEAR



nah kie koncoku sing nembe ngancani aku metu menghabiskan malam tahun baru bareng bareng dari jam setengah sembilan udah nongkrong di pinggir laut menanti detik jarum jam ke angka 00:00


detik waktu jarum jam menuju angka 00:00 telah di nanti smua orang khusunya warga hongkong yang telah berkumpul di area Tsim Sha Tsui termasuk aku salah Satunya :D ora ketinggalan ya melu melu kumpul nang kana teriakan dan jeritan wis mulai terdengar ketika kembang api di semburna dari gedung degung tinggi area Tsim Sha Tsui tp sayang kur sdela thok :( tp ya ora apa apa lah sing penting wis bisa njerit sepole alias sepuase Menikmati tahun baru kie


melet melet kaya kie kan asik, ora nana sing nglarang hitz yupz byuh pokoke luar biasa hahaaaaa
HIDUUUUUUUUUUUPPP!!!!! 2008!!! YESSS!!!

Thursday, December 27, 2007

KETIKA KU TERMENUNG


ketika seseorang Dalam Diam Dia kan banyak Berpikir Dan Merenungi Segala sesuatu yang Telah Terjadi dan yg akan terjadi" Wong Kabeh Ndue Cinta Dan Cita Cita. "Sperti inyong juga ndue Keinginan Bisa Kerja golet Duit sing akeh Nggo Masa Depan Karena Ngrumangsani anake wong ora Ndue alias Miskin jadi tak mungkin Ngarepaken Warisan dari "Ramane Karo Biyunge" Tp Gimana bisa Kelakon Kerja nang Kantoran Sing bisa dibanggakan Dengan Gajih Gede Sing Bisa diharapkan, Lhawong Sekolah be Ora Lulus "Ngimpi Kayane Bisa Kerja Kayakue lhu"

Gusti Alloh Maha Adil Karo Umate, Senajan Inyong Kie ora sekolah tp ya dinei Rizki sing tek kepenginaken walo dalane beda Udu kerja Kantoran, senajan Babu ya Lumayan cukup dan lebih cukup dari yang di harapkan.

Aku ora isinlha Ngaku kerjaanku apa Sing penting halal poine.

."Manusia Itulah menungsa Sing ora Pernah cukup dan Puas Dengan segala yg ada". Wis tercukupi Cita cita Kepengin ndue Bojo pun Alhamdulillah uwis Terlaksana "Yo alhamdulillah Bojoku Sayang lan Sabar meng inyong, tak Akoni Malah kadang inyong dewek Sing Kurang Ajar Ya mbuh kurang ajar ngapa tapi ya pancen mandan kurang menghormati bojo lan durung bisa ngertini bojo.
Setiap suami menginginkan Sang istri ada di sampingnya" Sebenere aku ya kepengin Kumpul Karo bojo Karo Ramane juga Biyunge, tapi nek ndeleng situasine siki nek inyong kon bali ya ora mungkin uuhh tetapi arep sampai kapan aku begini dan sampai kapan aku di sini?????????!!

Thursday, December 13, 2007

SMS

Dimana mana nek ana Wong akeh mesti ana Ceritane sing lucu dan unik, Kaya kie Nang HongKong kisahe sing pada biasa njekeli Hp, agi suntuk alias borring ijig ijig HpKu Bergetar karena pancen ora Tek onikna kur tek getarna thok lah isine SMS e kayakie

Tawon Madu Isep Sekar *Dadi Babu Kudu Sabar*
Ngombe Jamu Keliru Lengo *Dadi Babu ojo Neko Neko*
Pamit Ngarit Malah Minggat *Jare Ngirit Kok Malah Mlarat*
Kawat Nggo NAleni Boto *Meski MLarat yo ojo Nelongso*
Ono Munyok Nggawe KOco Moto yo kui sing lagi Moco
*


Nrima Sms kayakue aku ya ora kalah saing tek tulis sing isine

Babu Dasare Lemu lan kemayu, Gayane mangan lan Turu
Klambi Opo wae ditiru Jarene Model Terbaru
Yen mlaku karo ngguya ngguyu
Diceluk Wong lanang jerene I LOVE YOU
Ra ngertia mung pengen dijak Turu
Bar wulan 7 wetenge kok tambah lemu
Libur Dino Minggu mlayu munggah terjun soko omah tingkat 7
Yaaa Moga moga jadi hantu, biar tambah seru.


Wis nek kaya kie seru banget ana balesane maning

Tombo ati ono 6 sakwernane,
Pertama Bojo sholeh ganteng Rupane,
kaping pindo Ndue umah sak isine
Kaping telu Sugeh Duit nang rekeninge,
Duwe Mobile sak sopire
kaping Limo gelem Ngeloni sak lawase,
Sopo biso Nemu Bojo koyo ngono mugi mugi adem lan ayem uripe..
kaping 6 Kerjo wengi sak lemese

Pancen wong edan ana baen jawabane, tak jawab maning sing Mandan ngawur

WANITA ZAMAN EDAN…Model baju ala KEBARATAN
Tak peduli susu agak KELIHATAN, yang penting menarik PERHATIAN
Tak peduli jadi OMONGAN, asal dapat uang JUTAAN,
Apalagi kalo dapat mangsa umur sembilan PULUHAN,
Tingga nunggu jatah WARISANHidup senang tanpa BEBAN
Tak peduli lagi namanya KEHORMATAN
Cuman uang yang di PIKIRKAN

tapi mburi mburine mbarang di tulis sing kayakie
Selembar Godong waru tak tulisi I LOVE YOU, tapi Sayang... Wongtuo ora setuju,
WAhai Calon Mertuoku aku tresno neng anakmu, Opo aku kurang ayu mergo kedawan untuku utowo mergo gusiku metu...?
OH....Nasibku...!!
Ora mergo kwi Calon Mantuku amargo kupingmu wes maleh dadi sungu
yen dikandani wongtuo ora nggugu, isone mung mecucu, kupingmu di tindik pitu, Rambute di semir Ungu,dikepang telu, mlaku dewe karo ngguya ngguyu.....

Kata terahir tuk yang baca
Kota kudus Gunung muria jangan dianggap serius aku cuman
becanda

Wednesday, December 12, 2007

NELANGSA

wong sing pada kerja nang Hongkong janjane nek duite di kumpulna bisa sugih luh. bayangna gajihe sewulane wis di tentukena standar HKD$3480 nek di etung nang Rupiah nek kurse paling rendah Rp1150/$1 jumlaeh Rp.4002000 kue resik olih mangane wis ana jatah tekan majikan manggon juga gratis nangumaeh majikan.

nek ngetung gajieh tah wach sekian tp ndeleng perinciane mesti gedeg gedeg. Libure Tiap minggu karo tanggal abang jenenge babu hongkong ora kalah karo sing kerja kantoran tanggal abang ya pada bae libur, jekelane Hp Bayar rekeninge $288 kue nek menitane sing di jatah sewulane ora jebol, tp nek jebol kadang sampe mluncak dadi $1500 plus tambah Pulsa sing nggo pranti Telp meng Indonesia karo Bojo utawa Pacar Ato Gendakan kurang lewihe $600, urung maning nek libur transportasine karo mangane $200 ya metu saben minggune. apamaning nek sing jekelane laptop ketambahan mbayar internete $150 utawa $200/wulan
kue kabeh urung di tambah karo tuku sabune shampone softeke komlpit kabeh jumlaeh ya mandan sangar gajih sewulan entek hihii nlangsane.

kue kabeh tergantung wonge sing nlakoni nek bocaeh gemi ya bisa olih duit nek ora ya anu kaya aku kie:D borose, nganti sering di omaih nang ramane karo biyunge

Tuesday, December 11, 2007

NGGRESULA DEWEK

Mlebu wulan desember kok aku mandan sibuk banget tp malah dadi mandan ora ndue duit rasane jan ora kepenak tp ya arep ngapa maning pancen ora ndue duit, tes gajian duit mlebu meng tabungan sing ora kena di otak atik tp pancen ana untunge dadi ndue celengan.

ngomong masalah tabungan, wingi aku meng bank negara endonesia jan petugase ngarang banget luh masa aku arep ngeprint buku tabungan di jaluki duit kon mbayar HKD$50 janjane aku ya anu ngerti peraturane senajan babu ya ora goblok goblok nemen wong nang bank kue ora nana peraturan tertulis nek arep ngeprint kudu mbayar $50 dadi ya neng aku tak bantah sudi temen kon mbayar $50 wong aku ngeprint be karo ethok ethoke nabung 500+50biayane ben bisa ndeleng duit sing tek lebokna lewat pengiriman nang njaba minggu winginane. eh petugase malah ngomong nek arep ngeprint kon mbayar 50 maning

nek kayakue carane ya wegah bene ngemben bae nek bali meng indonesia nembe di print
senajan bodoh ya ora goblok banget soale tukarane duit nang njaba lewih gede di banding nang bank. nang njaba wis kurse duwur biayane lewih muarah 2X lipate di banding nang bank negara mulane kue aku milih sing nang njaba bae
bayangna nang njaba biaya pengiriman mung $20 sing paling murah pada bae nyampene trus apamaning lewih duwur kruse

Wednesday, November 28, 2007

KJRI


Pelayanan sing di wekna konsulat Jenderal Republik Indonesia (KJRI) nang hongkong urung cukup karo Harapane buruh migran endonesia (BMI) sing kerja nang Hong kong.

Ngadakna Poling SUARA nang bukan maret 2007 tentang Lembaga endi sing pertama di tekani nek ana masalah karo tempat lingkungan kerjaan? pertama KJRI, pindone: Organisasi BMI, Telune:Lebour Department, Papate: Lembaga liane

Suara sing metu akeh sing njawab nek pelayanan KJRI esih kurang apik ato esih kurang banget. akeh akehe ngaweh alesan nek Staf KJRI-HK sombong sombong lan sok banget mentang mentang pegawe nganggap BMI kue rendah po nek nglayani kasar kasar. merga kue ya nek dina minggu ora nana pegawe KJRI sing kerja, padahal dina minggu kan dinane akeh wong indonesia sing kerja nang hongkong pada libur. dadi akeh BMI sing kangelan nek arep ngadu masalah meng KJRI.

ana 15.3 persen sing njawab nek pelayanan KJRI kue apik lan sangat apik tapi ya pada aweh saran nek pegawe KJRI sing nglayani kudu lewih apik lan sopan aja mbeda mbedakna warga negara sing udu BMI.
anamaning sing ngomong nek pelayanan KJRI parah pol

Tuesday, November 27, 2007

LEBARAN




lebaran nang luar negri sering tek alami apamaning aku nang kene ya wis mandan termasuk jere wis jamuren wong anu arep 6 taun dadi ya wis 6 badanan aku nang kene
kawit taun 2002 aku mangkat tekan endonesia pamitan karo ramane lan biyunge arep meng hongkong niate kue kur arep 2 taun lah cukup ngitung gajih pas nang PT sewulan semene setaun sekian eh kenyataane tekan kene malah beda karo peritungane
jenenge nasib ya nasib ora nana sing ngerti arep kepenak karo orane menungsa bisane ya kur mung ngrancang sing kuasa kue sing ngatur.
lebaran nang luar negri ya ora kepenak adoh karo keluarga lan sanak sedulur, nelangsa pol tapi ya kepriwe maning jenenge wong kerja nang luar negri ya kaya kie terikat kontrak paling setithik 2 taun.
tapi lebaran nang kene ya rame apamaning nek lebarane jatuh pas dina setu utawa minggu uh ramene pol sholat idul fitrine selapangan kebek warna putih putih karena pancen jama'ahe 99% wong wedon. trus biasane nek bar sholat idul fitri akeh wong pada nganakna acara sukuran acara mangan mangan.
nek agi bulan puasa biasane konsulat indonesia ngundang beberapa dai tekan indonesia sing di gilir selama bulan puasa.
soale nang hongkong bene negara kafir tapi kan tetep ana mesjid kayak mesjid wanchai mesjid tsim sha sui trus masjid chaiwan maaf aku ora ngerti jenenge masjid masjide wong aku anu ora aktif nang organisasi dadi ya ora ngerti tapi nek tempat tempate ya ngerti.


Wednesday, November 21, 2007

MARAKE LESBIAN NANG HONGKONG




Jenenge lesbian nang hongkong masaAlloh akehe pol, ayu ayu terus nek sing dandan dadi wong lanang ya ora kalah nggantenge karo wong lanang asli
biasane kebanyakan lesbian diawali oleh pergaulan bebas trus tekanan batin di putus pacar pada akhire mlayu ora percaya maning meng wong lanang dan juga merga lingkungan sangat mendukung, sing lewih parah sampe ana kedaden pernikahan antar wanita yg diadakan di toko indonesia yg menghabiskan jumlah dana sekitar $15 ribu hongkong dolar KLIK DI SINI UNTUK BAHASA INDONESIA
lewih seru maning ngasi di rewangi perang perangan rebutan cewek rela bunuh bunuh diri demi kang mas "Gadungan" dan juga sampe ana sing rela kelangan kerjaan di pecat majikan.
kisah kasih lesbian nang hongkong selain faktor diatas juga karena saking akehe wong wedon nang kene dadi ya akeh sing nglakokna kayakue.
aku ora termasuk lho merga aku esih normal menyukai laki laki sewajarnya heheee "Bebek kon ora silem - awake dewek ya mesti dialem"
sebenere bocah sing nglakokna lesbian kue bukane ora ngerti agama ato ora ngerti dosa tp karena merasa kesepian dan mungkin bae ya karena tekanan sing marekna lesbian untuk pelarian.
tapi biar lesbian nang kene nek balik meng kandang umah indonesia biasane ya normal maning akeh akehe, alon alon gelem seneng meng wong lanang maning wong anu sing jenenge kebutuhan batin kan kepengin apamaning ndeleng wong wong pada nikah ndue rumah tangga dadi mestine ya kepelu pelu

"wallohualam"

Monday, November 19, 2007

TERMINAL TELU

kie anu mandan penting bene wong kabeh bisa maca lan ngerti artine bene wong sing nang nduwur nduwur sing kerjane nang pemerintahan ngerti sadar keluh kesahe para BMI sing nang luar negri dadi ya tek tulis karo bahasa indonesia bae ya bene mengkone sing di jaluk ana perbaikane lewih apik ora sembarangan.

Terminal tiga adalah jalur khusus untuk BMI "buruh migran indonesia" yang disediakan oleh bandara Sukarno hatta, kedengarannya aneh kenapa di sediakan jalur khusus untuk orang indonesia yg bekerja di luar negeri

Disediakannya terminal tiga ini niat pemerintah adalah membantu mengamankan para BMI dari penipuan calo calo yang ada di pintu banadara. tp buat BMI itu lain karena diadakannya terminal tiga ini justru membuat ketakutan untuk para BMI pulang ke tanah air

Bayang bayang menakutkan di terminal tiga sudah terngiang di kepala sebelum pulang ke indonsia, karena untuk para BMI di larang keluar melalui pintu satu, semua para BMI ibarat kambing di giring ke terminal tiga

jarak antara terminal satu pintu uatama dengan terminal tiga lumayan jauh harus di tempuh dengan menggunakan bis bandara yang di sediakan khusus untuk menuju ke terminal tiga. bis ini sebenarnya gratis tanpa di pungut biaya tapi yang menyebalkan adalah para kenek nya yang meminta upah dengan paksa kalaul tidak di kasih dia tidak mau mengangkatkan barang yg para BMI bawa kalopun dia mau angkatin itupun nantinya barang itu di banting dengan muka cemberut

para kenek kuli bis ini sok nggaya kalo di kasih imbalan 5000 ato 10000 mereka tidak suka malah ada yang mengatakan >pelit banget sih mbak! kerja di luar negeri kan duitnya banyak ditolongin ngangkatin barang kok pelit banget>kasihanilah kami mbak kami cari makan juga d sini" itu kata kata mereka yang kadang keterlaluan.

terminal tiga adalah tempat rawan untuk para BMI yang mo pulang ke tanah air, apalagi sekarang ibarat di terminal tiga para BMI di haruskan menggunakan bis yangg dari bandara untuk pulang ke rumah masing masing.

jemputan keluarga atau saudara untuk para BMI agak di persulit sekarang dengan alasan bermacam macam

ketatnya serta rawannya terminal tiga membuat para BMI takut untuk membayangkannya karena gk jauh beda petugas bandara dengan calo calo yg ada di luar sana memang gak smuanya petugas bandara kayak gitu melakukan korupsi dengan memeras para BMI tp kejadian kejadian di terminal tiga membuat para BMI takut dan merasa ngeri dengan rawannya.

para petugas bandara itu emang keterlaluan jika melihat yg berdasi langsung di persilahkan....pak....monggo.... di bukain pintu keluar untuk keluar lewat pintu utama, tp jika ketahuan kl BMI langsung di giring ke terminal tiga jadi umpanan petugas di sana. kejadian ini aku tau karena ada seorang BMI yg bekerja di korea pulang ke indonesia karena dia tidak bawa barang apapun karena sebelumnya smua barang dah di kirim ke indonesia sebelum pulang makanya saat dia pulang dia berpakaian rapi sebagaimana orang berbisnis kantoran maka dengan manisnya petugas bandara memepersillahkan membukakan pintu keluar lewat pintu utama. dalam hati temenku hahahaaa dengan pakaianku yang rapih kayak gini kena tipu juga itu petugas bandara rasain!!

Jalur khusus untuk BMI ini bukan cuman di bandara sukarno Hatta tetapi di bandara Juanda Surabaya sudah berlaku dan yang terbaru yang kudengar rencana mau di buka juga jalur khusus yang sama ini di bandara Solo

pengalamanku di bandara juanda karena sudah dua kali penerbanganku langsung dari hongkong menuju juanda tanpa translit yang kutemui di juanda agak mendingan gk serawan bandara Sukarno Hatta cuman di sana petugas pengangkat barangnya yg di sediakan di terminal khusus BMI ini menggunakan kesempatan memegang TROLI masing untuk membantu angkatin barang dengan cara membawakannya yg pada ahirnya adalah upah! pernah aku meminta TROLI yang sedang dia pegang karena koperku ada tiga tp kecil kecil eeh dia gk mau memberikannya padaku dan ahirnya kutanya berapa ongkosnya kalo kamu mbawain koper koper ini? tp dia diam gak mau menjawab harganya, padahal TROLI TROLI ini adalah fasilitas gratis yang di sediakan oleh bandara untuk mengangkut barang oleh para penumpang, tetapi para kuli kuli itu menggunakan kesempatan ini untuk mencari tambahan isi kantong masing masing.

Saturday, November 17, 2007

KEMAJUAN ATO KEMUNDURAN???

BMI adalah devisa terbesar untuk Negara, Lebih dari puluhan Ribu Warga indonesia yang berada di Hongkong dan 99% adalah perempuan, Bayangkan begitu banyaknya warga indonesia yang meninggalkan negara, keluarga serta orang orang tercinta demi Harapan Masa depan yang cerah.
mengingat begitu besarnya warga indonesia yang berada di luar negeri bukan cuman di HongKong tetapi di lain negara seperti : Malaysia, Singapura, Jepang, Korea, Taiwan, Saudi Arabia, dsb
Pemerintah indonesia berusaha Membantu mempermudahkan kepulangan Mereka ke Tanah air dengan memberikan jalur terpisah di bandara seperti di bandara Sukarno Hatta, Juanda dan Rencananya katanya akan di buka juga di Solo
Apakah itu akan membantu ato justrukah mempermudah cara mereka untuk memanfaatkan dan memeras mereka mereka yang baru pulang dari luar negeri???
PEMERINTAH INDONESIA BUKALAH MATAMU!!! petugas aparat yang ENGKAU percaya yang di tugaskan di bandara, dikala siang Dia akan melakukan tugasnya sebagai keamanan di mata orang orang tetapi dikala malam taukah apa yang mereka lakukan??? tak jauh BEJADnya dengan mereka mereka para pemeras "CALO" dengan TRIKnya yg benar benar KEPARAT!! tak tau belas kasihan asalkan mendapatkan uang
INIKAH YANG KAU HARAPKAN KEMAJUAN ATO KEMUNDURAN!!!
NIATMU MEMBANTU TAPI JUSTRU MEMPERSULITKAN KAMI KAMI DUA KALI YANG ADA DI LUAR NEGERI.

SENI


Seni tidak tidak akan pernah selesai. perkembangan seni semakin ningkat serta keanekaragaman seni itu sendiri merupakan topik yg berantai.

sebagaian orang berpendapat seni tidak bisa diandalkan untuk hidup, tetapi ada juga yg menganggap seni adalah jiwa, sumber kehidupan bagi yang menggandrunginya.

kehidupan buruh migran indonesia (BMI) di Hong Kong juga tidak lepas dari dunia seni.

Berbagai bentuk jenis seni bisa dijumpai pada setiap acara acara yang diadakan oleh warga indonesia di negeri bagian China ini. Sebagian BMI menganggap seni hanya sebagai penyalur hobi dan mengisi waktu luang

Friday, November 16, 2007

**lambange wong kasmaran**







wong nek lagi kasmaran seneng ngumpul2na gambar kaya kiena
tp dudu aku sing kasmaran ya kiye kur jere





**blajaran basa ingris**

TIPS FOR ELDER BROTHER

There are many reason why someone doesn't want to listen to us, to understand them, let's try to imagine ourselves in the same situation when we don't want to listen to the others.

sometimes we are just not in mood to listen, because we are very busy or we don't feel well, or as in my case i haven't take my morning coffe yet, other times it depend on the fact that. because of preconceieved ideas or part experiences, we don't feel a connetion with the respone speaking to us and our refusal to listen coincides with the rejection, of the other person from who is different from me.

in order to establish good communication, also in a more spontaneous relathionship among brother. we need to keep in mind several factor:

Our own dispotition, that of the persone we listen to, and the way we communication with one another.

The firs step as you have to realized, is not to assume that you are elder brother, because Your little brother maby feel threatened ract by shutting The doors in his heart.

if he want to be able to give something to other people and this is true communication what i say must coincide with who i am.

Thursday, November 15, 2007

**urip nang hongkong*

urip nang hongkong kabeh asline sing tekan indonesia mau maune ya babu tp mbarang tekan kene ya akeh pada nemu jodoh karo warga kene juga ana sing ketemu jodoh nang komputer. wong sing jenenge jodoh kue ya ora ana sing ngerti bakale ketemu nang ndi.
nangkene bis diarani surgane ndunya kesenangan soale apa bae kue bisa kelakon kelaksana asal ana duit bae. mayoritas sing nag hongkong kue tenaga kerja wanita "TKW" sing asale tekan philipina, indonesia, thailand, srilangka. gemien jere sedurunge tahun 2000 philipina mengecap recor tertinggi meng expor tenaga kerjane nang hongkong, tp siki wis beda justru indonesia malah indonesia 60 % terbanyak. subhanalloh bukane nang indonesia ra ana kerjaan tp karena kebutuhan ekonomi sing semakin duwur larang apa2ne nang indonesia. tp kebanyakan wong sing nang hongkong 80%pelarian tekan masalah batin contone kayak di putus pacar , rumah tangga hacur, sing terakhir ekonomi kurang tp sing akeh akehe ya putus hati krn cinta.
nek sing putus cinta mabarang tekan kene nek imane ra kuat ya ndadi kelakuane malah bejad contone sing dadi lesbian nek ora ya nggendak karo pakistan ato bule ato nepal. tp nek sing sing kuat imane ya smakin apik melu pengajian , melu organisasi pembela TKW nek ora ya malah ra kepengin bali indo. nek sing krn ekonomi malah apik guli golet duit kumpul di kirimna nangumah meng indonesia tp sing nang indonesia sing dadi wong lanang kue kadang kurang ajar bojone kesel2 kerja meras kringat nang kene temenan temenan tp sing dadi wong lanang nangumah malah nggolet bojo anyar ngenteknya duyane bojone sing ndue anak anake ra di urus malah anake nggo alat pemerasan bojone nek ora ngirim duit anake di gawa lunga tp ya kue ora kabeh tp ya akeh2e. mulane kadang nek wis dadi kayakue sing nang hongkong ra kepengin bali ngelingna bojone ato pacare kurang ajar dadi malas guli arep pada bali meng negarane dewek nganti2 ana sing 4 th ato 6 th ana juga sing nganti 10 th ra tau bali. bukane ra kepengin bali tp aku sing dadi tkw ya anu ngerti sajane atine kadang ya rindu karo wong2 sing nangumah tp arep bali mandan mikir maning akeh sing kudu di siapna. soal duit ya kudu akeh nek bali indo 10 juta ya minim nek bali indo nek kur cuti.
tp sukur alhamdulillah aku nang kene arep 6 th ya wis bali ping telu waloora nggawa duit sing penting waras slamet ya wes sukur alhamdulillah.ana cah wadon indonesia geh ngisin2na nang kene pacaran karo wong pakistan iya merasa bangga lanangan pakistan ngganteng ngganteng irunge mbangir mbangir gede duwur sangar sangar di bandingna wong indonesia cilik cilik pesek pesek ireng ireng gering gering mulane milih pakistane bae bangga awake ndue pacar ngganteng. tp se elek eleke wong indo esih ndue ati perasaan kemanusiaan lan ngajeni karo pacare ora ana kekasaran ngantemi pacar nendangi pacar modele wong indonesia nek wis ora sneng ato nek wis sengit ya cukup di putus sampe semene ora usah di lanjut maning beda karo wong pakistan jan nangudubillah udu menungsa temen wong sing jenenge pacar nang ndalan anu nang lapangan akeh wong gelem nendangi nampongi bocah wadone cah wadon indonesia sing ngisin2na ya kue ora ndue rai cah wedone wis diantemi wis di tendangi tp esih bae ngetutna bocah lanange gumun lho kue sifate boca wedon indonesia sing kedanen wong pakistan nang kene. padahal pacaran nang luar negri kue rugi nek minggu dina libur kudu nemoni pacare trus mlebu hotel nek bocah lanange ora ndue duit bocah wedone sing mbayar hotele pirang jam minimal ya 2 jam wis kayakuena kadang kadang nek bocah wedone wes bali nangumaeh majikan mengko bocah lanange golet sasaran liane.
tp ya aja salah biar babu statuse tp kan otake ora kabeh bodoh ora kayak aku kie ya anu termasuk B,0,D,0 hehehe nang hongkong janjane akeh bocah sing sekolahe duwur2 tp ana juga sing ora sekolah kyk aku kie. bocah bocah sing dadi tkw nang hongkong yaanu orakalah saing nek kon ndeleng artis indo krn neg kene oranisasi2 sering ngundang artis2 indo kon mengeneh juga dai dai kondang sering mengeneh bergilir nggo ngisi acara pengajian2 nang kene pengajian sing diadakna nang oraganisasi.
hongkong termasuk negara apik nek nggo kerja, tenaga kerjane terlindungi hak asasine bocaeh pinter2 nek majikan ora mbayar gajih ato menganiaya tenaga kerja bisa di laporna meng labour departemen tempat perlindungan tenaga kerja untuk smua . pemerintah hongkong bisane kur mandang ndi sing salah ora ngguru sesugih apapun nek salah ya ttp salah. kue enake nang hongkong beda karo nang luar negri liane hak asasi perlindungane nggo tenaga kerja kurang enakan nang hongkong. jerene biar babu kan gaul heheheh

Wednesday, November 14, 2007

**baladesa sarwadadi**

aku janjane pingin usul kawit gemien soal urusan nang baladesa tp merga aku kie wong cilik ora pengalaman juga ora sekolah arep protes protes nang sapa. soale nek ora diomong kue ora bisa maju karena kritikan biarpun nglarakna sing di kritik nek ora trima tp kan bisa mendadani awak bene lewih maju lan lewih apik saoale petugas baladesa sarwadadi ya aku ora nunjuk sapa wonge kerja si ya kerja tugase embok ya di laksanakna sing apik nek ana surat mbok ya mandan cepet cepet diantarna mengumaeh sing di tuju bukane kue tugase petugas baladesa njujugna surat karena pak post kan ora ngerti alamate ngertine pak post nang jawa ya kur ngantarna meng baladesa selanjute ya petugas sing kerja nang baladesa sing ngaterna mengumaeh tp koh heran nek ana surat kenangapa ora langsung di jujugna meng sing di tuju malah di jorna bae nagnti pirang dina nang kana alasane ya sibuk apamaning nek sing ndue surat kue wonge pelit malah di jorna berminggu nang baladesa. mbok ya petugas baladesa mandan di rubah sifate guli kerja aja sekepenake atine dewek kadang sing mandan keterlaluan ya nemen njaluk upah guli njujugna surat apamanin g ngerti nek sing ndue surat nang luar negri tp aku si ya ra pernah di ngonokna cuman ya na batirku alias tanggaku ngalami kayakue.

**Desaku sarwadadi**



njajal alias nyoba

tk njajal nulis lah tentang enyong karo lingkunganku yakue lingkungan sarwadadi sing kecamatane kawunganten k lan abupatene cilacap.

sarwadadi sebenere asri ra tau kebanjiran nek udan mung ya kue jembatan sarwadadi sing menuju arep mengkuburan wetan selalune kendang wis di bangun bolak balik sing jerene penunggune ngamuk kurang sajen lah mulane kendang terus nek kaline kebek wis kena dipastikna nek binangun banjir merga alase wis gundul di tegori entek nang masarakate enggane njajal bayangnya wong sing jenenge negor kayu jati koh nganti nggawa trek nggo ngangguk hasile, kaya anu dueke dewek gulih panen kon anu ora arep banjir tekan ngendi ya mbok. tp wong ora pada sadar alase di tegori kabeh jatine sampe sampe ula ula sing berbisa pada berkeliaran akeh wong padaa mati di cokot ula sing beracun merga alase di gunduli trus di tanduri palawija. ya ampun aku ndeleng batirku sekolah gemien agi nang MI alias SD sikile di cokot ula beracun anu pas agi mengalas nggarap palawija jere sikile di cokot ula aku kaget pol sampe aku nlangsane ndeleng bocaeh anu bocah apik ora nakal di cokot ula pancen ora mati tp ya kue sikile bosok cacat kayakue mlakune dengklang melasi banget. kue hasile alase ditegori kabeh ora alas lor alas kidul juga las wetan ntek di babad kabeh jatine. wong sarwadadi, binangun ,bendagede, sekomplek daerah sing termasuk kecamatane kawunganten ya umahe apik apik berjati kabeh.
ngomong masalah jembatan wetan mau siki wis dibangun paik di cor kayak jembatan kawunganten dadi nek ana banjir mandan ora kendang alias wis kuat siki, trus dalan kawunganten mengalor tekan panggangsurup nagalor kae bulak trus ngalore mbuh tekan ngendi wong aku be ora ngerti tp jerene ya wis di alusi maning tp ya kue kawit mbiyen di dandani bola bali koh ttp bae akhire hancur trus samben samben aku bali meng desaku ra tau menangi sing jere dalane nang mbulak alus. apamaning jan nek agi musim udan nek arep meng kawungaten ngedap merga dalane sing pating grudak nek agi udan nek nang mbulak nek numpak motor sikile lorone diangkat meng nduwur bene kathoku sing nganggo kathok dawa ora kotor yp numpak motore ya kudu alon alon nek ora ya blethek nang banyu kotor.
mudah mudahan ya kue saiki dalane alus nganti mengko aku bali insyalloh taun ngarep bene aku bisa jalan2 numpak motor dewek meng kawunganten.
mbokya pak GEDE PENGURUS KAWUNGANTEN mandan diurusi masalah dalane!!!