Friday, August 22, 2008

Bencana Angin Topan di Hongkong

Ket mau bengi janeh pas berita sore wis disiarna nek arep ana angin gede liwat kene , wingi sore wis mulai tanda tanda signal 1 , trus mbarang mulaih wengi munggah maning dadi nang signal 3

Eh mbarang tangi turu ndeleng berita nang tipi wis di tulis nang pojok tipi d umumna signal 8
Mbarang wis awan malah munggah terus nganti siki kie malah Signal 9

Akeh toko toko hampir semua toko dan supermarket tutup paling market mini kayak OK Shop esih tetep buka
saking wedine mbok pertokoan sing tokone ngarepe kaca pada di perbani mbok di terjang angin mengko marekna pecah
Mall shoping center juga hampir kabeh pada tutup ora pada buka

jalan raya sepi ora nana bis utawa mini bis. paling mobil pribadi kue be jarang liwat

Supermarket ngarepe be di tutup nganggo dabag wdi mbok di terjang angin juga

Tempat parkiran taksi juga sepi , nengkene biasnae baik hujan ato panas taksi ora bakal kosong baik awan utawa bengi mesthi ana




Kie tah jere mung angin liwat nglewati HongKong malah jere mengko bengi semakin munggah. Gara gara angin topan kie bocah bocah sekolah libur, wong wong kantoran juga libur ora sah kerja pokoke smua pekerja libur ora nan wong kerja. Kie wis aturan sekang pemerintahe angger angin topan wis nganti signal 8 di wajibkan ora usah sekolah dan ora sah kerja kudu nangumah ora olih metu metu bahaya .

Siaran tipi juga setiap 15 menit nyiarna keadaan situasi nang njaba.


Friday, August 15, 2008

KOPDARAN

Walah ngomong ngomong Kopdaran kie ayuh sapa sing arep melu kopdaran nang jakarta tanggal 29 agustus kie sedurunge puasa jere dulur dulur liane warga milis banyumas nek ngumpule nang sroto eling eling "Tebet" enak banget dina Jumat tangal 29 agustus jam 5 an sore nganti jam 21:00 wib dadi sapa sing arep tek aya ayuh pada ngumpul bareng nangkana. wong Critane nyonge arep mandan tilik bojo lha mengko nek di nei cuti dadi kayane nyonge ya bisa melu teka nyicipi Sroto Eling Eling

Bar nyicipi sroto eling trus mbengine sekalian tilik dulu blogger nang HI sekalian begadang nangkana lha tilik dulur blogger Insyalloh

Ayuh kopdarann

Eling Eling

Ora krasa deneng wis arep puasa maning yah ujarku nembe winginane lebaran koh siki wis arep puasa maning. Lha tanpa ora disadari nyonge wis arep menangi puasanan ping pitu jyan suene yah nek singenteni tapi rasaku sing njalani malah ora krasa koh.

Lika liku kehidupan nang luar negri sing marekna ora krasa nek wis bertaun taun merantau. Apamaning siki aku jarang metu nek liburan tanggal abangutawa dina minggu, seringe malah nek malam minggu ora turu nganti esuk begadang trus mengko nek wis jam 5 esuk kadang nganti jam 7 gari mapan turu sedina med nganti sore dadi ngerti ngertine ngesuk wis dina senen maning.

Ngemutna sasi puasa dadi eling jaman cilik mbiyen luh nang najwa nek wengi bar trawehan mangan sega jagel jyan enak banget koh wis sue banget ra tau mangan. Mudaha mudahan bulan puasa kie bisa menangi trawehan nangnjawa ora ketang sedela dadi bisa mangan sega jagele nang masjid utawa nang langgar.

Sega jagel kue nek nang cilacap desaku nek ora salah nggawene sega di campur campur ana tempe, gesek urang, trus apamaning yah duh klalen temenan jyan.

Apamaning nek esuk esuk cokan lari pagi jalan jalan nang ndesa rame banget angger bar subuhan pokoke angger eling kue kabeh rsane seneng pol dadi eling msa cilik luh.



Kapan terlaksana yahh


Urip Maning

Sue ora nulis koh kayane tangan gatel luh. Kesibukan sing siki jan padat banget marekna dadi jarang nulis nang blog malahan.

Blogku duh jan melaseh wis pirang wulan kie dianggurna ora tau di demek apamaning di elus seestt kayak bojo baen diemek karo dielus. Mulaih maning ah nulis aktip kaya gemien bene hidup tambah semangat "walah gayamu nek agi eling ya kayakue" ehehe ngomong dewek baen ya.

Lah pokoke ngurus ngonoh sing penting nulis yeesss ! nulis maning kie nyonge