Monday, December 31, 2007

2008



HAPPY NEW YEAR 2008 TO ALL MY DEAR FRIENDS




Wish You a Happy NEw Year 2008


12 Month of HAPPINESS


52 weeks of FUN


365 days of SUCCESS


8760 Hours of GOOD HEALTH


525600 Minutes of GOOD LUCK


31536000 Seconds JOY


HAPPY NEW YEAR



nah kie koncoku sing nembe ngancani aku metu menghabiskan malam tahun baru bareng bareng dari jam setengah sembilan udah nongkrong di pinggir laut menanti detik jarum jam ke angka 00:00


detik waktu jarum jam menuju angka 00:00 telah di nanti smua orang khusunya warga hongkong yang telah berkumpul di area Tsim Sha Tsui termasuk aku salah Satunya :D ora ketinggalan ya melu melu kumpul nang kana teriakan dan jeritan wis mulai terdengar ketika kembang api di semburna dari gedung degung tinggi area Tsim Sha Tsui tp sayang kur sdela thok :( tp ya ora apa apa lah sing penting wis bisa njerit sepole alias sepuase Menikmati tahun baru kie


melet melet kaya kie kan asik, ora nana sing nglarang hitz yupz byuh pokoke luar biasa hahaaaaa
HIDUUUUUUUUUUUPPP!!!!! 2008!!! YESSS!!!

Thursday, December 27, 2007

KETIKA KU TERMENUNG


ketika seseorang Dalam Diam Dia kan banyak Berpikir Dan Merenungi Segala sesuatu yang Telah Terjadi dan yg akan terjadi" Wong Kabeh Ndue Cinta Dan Cita Cita. "Sperti inyong juga ndue Keinginan Bisa Kerja golet Duit sing akeh Nggo Masa Depan Karena Ngrumangsani anake wong ora Ndue alias Miskin jadi tak mungkin Ngarepaken Warisan dari "Ramane Karo Biyunge" Tp Gimana bisa Kelakon Kerja nang Kantoran Sing bisa dibanggakan Dengan Gajih Gede Sing Bisa diharapkan, Lhawong Sekolah be Ora Lulus "Ngimpi Kayane Bisa Kerja Kayakue lhu"

Gusti Alloh Maha Adil Karo Umate, Senajan Inyong Kie ora sekolah tp ya dinei Rizki sing tek kepenginaken walo dalane beda Udu kerja Kantoran, senajan Babu ya Lumayan cukup dan lebih cukup dari yang di harapkan.

Aku ora isinlha Ngaku kerjaanku apa Sing penting halal poine.

."Manusia Itulah menungsa Sing ora Pernah cukup dan Puas Dengan segala yg ada". Wis tercukupi Cita cita Kepengin ndue Bojo pun Alhamdulillah uwis Terlaksana "Yo alhamdulillah Bojoku Sayang lan Sabar meng inyong, tak Akoni Malah kadang inyong dewek Sing Kurang Ajar Ya mbuh kurang ajar ngapa tapi ya pancen mandan kurang menghormati bojo lan durung bisa ngertini bojo.
Setiap suami menginginkan Sang istri ada di sampingnya" Sebenere aku ya kepengin Kumpul Karo bojo Karo Ramane juga Biyunge, tapi nek ndeleng situasine siki nek inyong kon bali ya ora mungkin uuhh tetapi arep sampai kapan aku begini dan sampai kapan aku di sini?????????!!

Thursday, December 13, 2007

SMS

Dimana mana nek ana Wong akeh mesti ana Ceritane sing lucu dan unik, Kaya kie Nang HongKong kisahe sing pada biasa njekeli Hp, agi suntuk alias borring ijig ijig HpKu Bergetar karena pancen ora Tek onikna kur tek getarna thok lah isine SMS e kayakie

Tawon Madu Isep Sekar *Dadi Babu Kudu Sabar*
Ngombe Jamu Keliru Lengo *Dadi Babu ojo Neko Neko*
Pamit Ngarit Malah Minggat *Jare Ngirit Kok Malah Mlarat*
Kawat Nggo NAleni Boto *Meski MLarat yo ojo Nelongso*
Ono Munyok Nggawe KOco Moto yo kui sing lagi Moco
*


Nrima Sms kayakue aku ya ora kalah saing tek tulis sing isine

Babu Dasare Lemu lan kemayu, Gayane mangan lan Turu
Klambi Opo wae ditiru Jarene Model Terbaru
Yen mlaku karo ngguya ngguyu
Diceluk Wong lanang jerene I LOVE YOU
Ra ngertia mung pengen dijak Turu
Bar wulan 7 wetenge kok tambah lemu
Libur Dino Minggu mlayu munggah terjun soko omah tingkat 7
Yaaa Moga moga jadi hantu, biar tambah seru.


Wis nek kaya kie seru banget ana balesane maning

Tombo ati ono 6 sakwernane,
Pertama Bojo sholeh ganteng Rupane,
kaping pindo Ndue umah sak isine
Kaping telu Sugeh Duit nang rekeninge,
Duwe Mobile sak sopire
kaping Limo gelem Ngeloni sak lawase,
Sopo biso Nemu Bojo koyo ngono mugi mugi adem lan ayem uripe..
kaping 6 Kerjo wengi sak lemese

Pancen wong edan ana baen jawabane, tak jawab maning sing Mandan ngawur

WANITA ZAMAN EDAN…Model baju ala KEBARATAN
Tak peduli susu agak KELIHATAN, yang penting menarik PERHATIAN
Tak peduli jadi OMONGAN, asal dapat uang JUTAAN,
Apalagi kalo dapat mangsa umur sembilan PULUHAN,
Tingga nunggu jatah WARISANHidup senang tanpa BEBAN
Tak peduli lagi namanya KEHORMATAN
Cuman uang yang di PIKIRKAN

tapi mburi mburine mbarang di tulis sing kayakie
Selembar Godong waru tak tulisi I LOVE YOU, tapi Sayang... Wongtuo ora setuju,
WAhai Calon Mertuoku aku tresno neng anakmu, Opo aku kurang ayu mergo kedawan untuku utowo mergo gusiku metu...?
OH....Nasibku...!!
Ora mergo kwi Calon Mantuku amargo kupingmu wes maleh dadi sungu
yen dikandani wongtuo ora nggugu, isone mung mecucu, kupingmu di tindik pitu, Rambute di semir Ungu,dikepang telu, mlaku dewe karo ngguya ngguyu.....

Kata terahir tuk yang baca
Kota kudus Gunung muria jangan dianggap serius aku cuman
becanda

Wednesday, December 12, 2007

NELANGSA

wong sing pada kerja nang Hongkong janjane nek duite di kumpulna bisa sugih luh. bayangna gajihe sewulane wis di tentukena standar HKD$3480 nek di etung nang Rupiah nek kurse paling rendah Rp1150/$1 jumlaeh Rp.4002000 kue resik olih mangane wis ana jatah tekan majikan manggon juga gratis nangumaeh majikan.

nek ngetung gajieh tah wach sekian tp ndeleng perinciane mesti gedeg gedeg. Libure Tiap minggu karo tanggal abang jenenge babu hongkong ora kalah karo sing kerja kantoran tanggal abang ya pada bae libur, jekelane Hp Bayar rekeninge $288 kue nek menitane sing di jatah sewulane ora jebol, tp nek jebol kadang sampe mluncak dadi $1500 plus tambah Pulsa sing nggo pranti Telp meng Indonesia karo Bojo utawa Pacar Ato Gendakan kurang lewihe $600, urung maning nek libur transportasine karo mangane $200 ya metu saben minggune. apamaning nek sing jekelane laptop ketambahan mbayar internete $150 utawa $200/wulan
kue kabeh urung di tambah karo tuku sabune shampone softeke komlpit kabeh jumlaeh ya mandan sangar gajih sewulan entek hihii nlangsane.

kue kabeh tergantung wonge sing nlakoni nek bocaeh gemi ya bisa olih duit nek ora ya anu kaya aku kie:D borose, nganti sering di omaih nang ramane karo biyunge

Tuesday, December 11, 2007

NGGRESULA DEWEK

Mlebu wulan desember kok aku mandan sibuk banget tp malah dadi mandan ora ndue duit rasane jan ora kepenak tp ya arep ngapa maning pancen ora ndue duit, tes gajian duit mlebu meng tabungan sing ora kena di otak atik tp pancen ana untunge dadi ndue celengan.

ngomong masalah tabungan, wingi aku meng bank negara endonesia jan petugase ngarang banget luh masa aku arep ngeprint buku tabungan di jaluki duit kon mbayar HKD$50 janjane aku ya anu ngerti peraturane senajan babu ya ora goblok goblok nemen wong nang bank kue ora nana peraturan tertulis nek arep ngeprint kudu mbayar $50 dadi ya neng aku tak bantah sudi temen kon mbayar $50 wong aku ngeprint be karo ethok ethoke nabung 500+50biayane ben bisa ndeleng duit sing tek lebokna lewat pengiriman nang njaba minggu winginane. eh petugase malah ngomong nek arep ngeprint kon mbayar 50 maning

nek kayakue carane ya wegah bene ngemben bae nek bali meng indonesia nembe di print
senajan bodoh ya ora goblok banget soale tukarane duit nang njaba lewih gede di banding nang bank. nang njaba wis kurse duwur biayane lewih muarah 2X lipate di banding nang bank negara mulane kue aku milih sing nang njaba bae
bayangna nang njaba biaya pengiriman mung $20 sing paling murah pada bae nyampene trus apamaning lewih duwur kruse