Tuesday, December 11, 2012

Jamane Pilihan Lurah

Wis suwe kayane yah nyong lawas ora tau nulis nangkene, jamane biyen seneng corat caret sampai bingung mbuh apa baen sing di tulis ora bermangfaat eh jere ati sing penting seneng.

Siki wis agep pemilihan lurah maning, miki tes kandahan karo adine wedon, jere ana telu wong sing manggang dadi lurah. Nardi melu magang maning, anake pak Rosidan jere ya arep maggang, serta siji maning wong Karangsari tapi mbuh sapa jenenge miki ora di tidokna. Adiku tek takoni nyaloni sapa ? eh jere ya milih wonge dewek bae, sing kepenak, ana apa-apa ya kepenak... Buktine walau wis dadi lurah ya ora sombong karo tangga tangga, angger nggo njaluk tulungan ya kepenak, wong anu dasare ya ket jamane cilik seneng karo bocah cilik ngajeni karo wong tua, serta siki wis tua dadi lurahpun ya ora galak karo bocah cilik lan gaul karo pemuda desa kepenak nggo tongkrongan bareng heheh.

Biyen pengalaman nggaya pasang telpon janggong nangumah, jamane egin hanpon urung mangsan, sewulane ya mandan larang 35 ewu tapi gunane kur nggo nrima tok ora kena nggo telpon metu, nek arep telpon metu ya bisa baen tapi kudu mbayar maning lewih larang maning. Jenenge wong tua nek anak anake pada adoh kang ngumah tulih ora ketang ketang sering nelpon, daripada nek nelpon mlayu mlayu meng wartel, ndadak sing ndue wartel marani mengumah janjian jam semene keluargane bakal arep telpon, bar kue ya kudu mbayar wartele karo mbayar sing ndue wartel wis marani mengumaeh nyeluk, dadi ya mbajing pasang telpon dewek nangumah xixixi eh ra ngertia wis mbayare larang ealah malah di lemboni nang wong sing pinter....

Mandan sue....Biyunge mandan heran deneng telpone ora tau moni ya apa telpone rusak apa kepriwe.. Aja jere biyunge prentah putune lanang sing nangumah kon njajal mlayu meng wartel njajal telpon mengumah moni apa orane, ealah temenan telpone sing nangumah ora kena di telpon... Jere tukang telpone wis telung wulan ora di bayar!! Lah ora di bayar kepriwe? wong tiap wulan rutin di bayari koh, gulih mbayar be prentah kae wong sing pinter ::sing siki magang dadi lurah:: "Pas di takokna jere agi ana gangguan pembayaran hahahha

Ealah elaaaah aja salah ya gulih jagoni lurah!
Salah jagoni lurah ? warga sing sengsara !
Salah jagoni lurah sing ora jujur ? Warga sing mlarat!
Salah jagoni lurah sing gede sirah ? Warga miskin semakin ketakutan ora wani protes ini itu!

::Bukane inyong melu politikan, tapi jenenge warga sing apik ya kudu ngelingna aja salah jagoni lurah::

4 comments:

Anonymous said...

whoamzzz

Sang Nanang said...

rakyat kudu luwih pinter maning anggone milih pemimpine, ya ora?

Joel said...

Hey, I had a great time reading your website. Do you have an email address that I can contact you on? Thank you and hope to hear from you soon.

Regards,

Joel
JHouston791 gmail.com

pak muliadi said...

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.