Monday, February 4, 2008

TANDA TANDA

jaman siki jaman wis canggih unak unike ndunya kue akeh pol
semakin canggihe alat elektronik dan komunikasi.

aku esih kelingan omongane bu nyai ku aku biasa nyeluk lik sangidah agi pas aku cilik gemien cokan ngaji nang kana
sing tek senengi ngaji nangkana gemien agi esih cilik soale nek bar ngaji trus di dongengi dongeng njukut tekan kitab, critane juga seru
sing paling tek eling nganti siki juga terbukti beberapa kejadian yakue critane MUNCULE DAJAL tanda tanda TEKANE DINA KIAMAT

aku gemien nek pas di critane kisah sing jere ngemben kie akeh wong lannag dadi wong wedon ya kue BENCONG MENYEMARAK terus akeh juga kewalikane wong wedon dadi wong lanang yakue WONG WEDON RAMBUTE CENDEK CENDEK DANDANANE KAYAK WONG LANANG YA KUE AKEH LESBIAN
selanjute bakalan ana PERANG DUNIA KE TELU yakue perange irak karo amerika. terus maning inyong esih kelingan jere kue ngemben wong bisa kandahan lan weruh karo wong sing adoh parane IBARATE WONG CHATINGAN NANG MESSENGER bisa weruh cam karo bisa kandahan nang voice chat

kabeh kue wis terjadi apa sing di omongna nang bu nyaiku njukut dongeng dari kitab tanda tanda tekane dina kiamat, gari siji ya kue suatu saat jere bakal terjadi tanda tanda hari kiamat sing jere bakal akeh banget wong wedon tapi langka wong lanang
apamaning siki jaman canggihe pol wong sing ora pada ndueni utek sekepanke wudele dewek nek ngucapna salam nganti salam ASSALAMUALAIKUM bae ben di singkat dadi SALAM LEKUM

duh jan Gusti !!

wis pada sadar ora dengan segala kejadian???

7 comments:

Anonymous said...

"langsung ambil wudhu n sholat subuh, duhur, ashar"
RAPEL..........

Gambarpacul said...

nyong arep ngurusi awake disit bae lah yu.........krasa urung bener

Maruria said...

medeni temen ya...aku kayane ya urung siap kie..arep ndandani awake disit baen lah...

ono said...

merinding bulukudu'ku ningali tanda2x kuwi mbakyu, melu Slamet waelah lan ngikuti macul kebajikan, mliginipun arep ndandani awak seperti jeng maruria.

Anonymous said...

dalaning urip iki wis ono sing ngatur, dadi.. Bismillah wae, mugo-mugo dipilihke dalan sing becik terus. Hiks...

Rie Rie said...

sing nulis postingan iki termasuk e sing doyan chatting tho?? hehehehehe...

Yuko said...

Wis umum ikih jaman diwolak-walik... Mending pacaran nang HP, sing meteng paling ya batrene njeblug nelpun sedina med karo ngecas...

Apa maning nek pacaran karo sapia latjuba... Gemaguse weeees jan ngungkuli pacul...