Thursday, May 29, 2008

Tangi

Wis ana rong wulan kayane inyong hawane males banget banget, nek hari hari biasa jarang metu keculai meng pasar, kue be ora menangi seminggu pindo, jane ya akeh wektu nganggure luh tapi genah anu penyakit males agi nempel apamaning nek dina minggu wis jan ora weruh matahari blas. malam minggu begadang nangarep komputer nganti esuk mbuh apa sing di utak-atik, mbarangkue gari turu nganti sore tangi tangi paling nek kencot utawa arep meng mburi.

Kebiasaan kayakue tek lakoni berbulan bulan nganti bosen dewek. nek ora gara gara siki klambiku ora pada muat dipake merga kabeh gombalanku dadi nyiliki koh digawe ora pada sedeng methet-methet dadi ya terpaksa metu golet klambi nang pasar.

Selain Mongkok, Sham shui po juga termasuk pasar murah nang Hong Kong tapi nangkana akeh akehe grosiran "whole sale" dadi nek sing eceran tuku siji siji jarang tapi ya ana wong buktine inyong wingi tuku klambi olih 4 karo celana loro, janeh ya esih kurang luh tapi genah nggolet size ku angel dadi ya kapan kapan maning baen lah, pokoke murah murah lumayan kena di nggo musim panasan "hheheh promosi"

Sue ora tau metu njaba ndeleng dunia njaba dadi heran apa apa berubah dekorasine apamaning nek sing nang njero MTR "sepur bawah tanah" dekorasine apik apik promosi penghijauan dan promosi buah buahan serta panganan. Duh marekna kencot dadi eling karo bloge wong sing tukang jalan jalan nyari makanan enak enak si Dy, Yawis dimin nyong tek arep madang karo jangan kangkung masak mau sore esih ana kae nang kulkas arep tek panasi dimin lha

3 comments:

77™ said...

neng jowo jangan kangkung

neng hongkong jangan kangkung

lha kok podo bae...?

ario said...

lo... nyapo kok males ???

cewekndeso said...

Koetoe < Jenenge be wong ndeso koh nang ndi ndi senenge kangkung, sing di goleti ya tetep sayur kangkung


ARIO < biasa penyakit lawas kumat