Friday, August 15, 2008

Eling Eling

Ora krasa deneng wis arep puasa maning yah ujarku nembe winginane lebaran koh siki wis arep puasa maning. Lha tanpa ora disadari nyonge wis arep menangi puasanan ping pitu jyan suene yah nek singenteni tapi rasaku sing njalani malah ora krasa koh.

Lika liku kehidupan nang luar negri sing marekna ora krasa nek wis bertaun taun merantau. Apamaning siki aku jarang metu nek liburan tanggal abangutawa dina minggu, seringe malah nek malam minggu ora turu nganti esuk begadang trus mengko nek wis jam 5 esuk kadang nganti jam 7 gari mapan turu sedina med nganti sore dadi ngerti ngertine ngesuk wis dina senen maning.

Ngemutna sasi puasa dadi eling jaman cilik mbiyen luh nang najwa nek wengi bar trawehan mangan sega jagel jyan enak banget koh wis sue banget ra tau mangan. Mudaha mudahan bulan puasa kie bisa menangi trawehan nangnjawa ora ketang sedela dadi bisa mangan sega jagele nang masjid utawa nang langgar.

Sega jagel kue nek nang cilacap desaku nek ora salah nggawene sega di campur campur ana tempe, gesek urang, trus apamaning yah duh klalen temenan jyan.

Apamaning nek esuk esuk cokan lari pagi jalan jalan nang ndesa rame banget angger bar subuhan pokoke angger eling kue kabeh rsane seneng pol dadi eling msa cilik luh.



Kapan terlaksana yahh


2 comments:

Slamet Widodo said...

wah yen pasa paling seneng sak-awan turu
:D

bahtiar@gmail.com said...

matur nuwun pernah rawuh ...
http://bahtiar.wordpress.com/2008/09/12/komunitas-nongkrong-bhi/