Tuesday, December 11, 2007

NGGRESULA DEWEK

Mlebu wulan desember kok aku mandan sibuk banget tp malah dadi mandan ora ndue duit rasane jan ora kepenak tp ya arep ngapa maning pancen ora ndue duit, tes gajian duit mlebu meng tabungan sing ora kena di otak atik tp pancen ana untunge dadi ndue celengan.

ngomong masalah tabungan, wingi aku meng bank negara endonesia jan petugase ngarang banget luh masa aku arep ngeprint buku tabungan di jaluki duit kon mbayar HKD$50 janjane aku ya anu ngerti peraturane senajan babu ya ora goblok goblok nemen wong nang bank kue ora nana peraturan tertulis nek arep ngeprint kudu mbayar $50 dadi ya neng aku tak bantah sudi temen kon mbayar $50 wong aku ngeprint be karo ethok ethoke nabung 500+50biayane ben bisa ndeleng duit sing tek lebokna lewat pengiriman nang njaba minggu winginane. eh petugase malah ngomong nek arep ngeprint kon mbayar 50 maning

nek kayakue carane ya wegah bene ngemben bae nek bali meng indonesia nembe di print
senajan bodoh ya ora goblok banget soale tukarane duit nang njaba lewih gede di banding nang bank. nang njaba wis kurse duwur biayane lewih muarah 2X lipate di banding nang bank negara mulane kue aku milih sing nang njaba bae
bayangna nang njaba biaya pengiriman mung $20 sing paling murah pada bae nyampene trus apamaning lewih duwur kruse

4 comments:

Unknown said...

Hihihi, lucu ya bahasa cilacap. Salam kenal seko cah Klaten... :)


isnuansayangpengenpresidenperempuan

Mbokefatih said...

Inyong kiye yu

Mbokefatih said...

Nek kober mampir nggonku ya neng
http://mbokefatih.blogspot.com
, ngko tek gorengna dhagé, trus nek arep YMan ya IDne nyong atinbio00, mangga di add mawon

cewekndeso said...

mboke Fatih temenan kie aku kepengin banget gorengan dhagene jan ngatek ngiler kie