Friday, August 22, 2008

Bencana Angin Topan di Hongkong

Ket mau bengi janeh pas berita sore wis disiarna nek arep ana angin gede liwat kene , wingi sore wis mulai tanda tanda signal 1 , trus mbarang mulaih wengi munggah maning dadi nang signal 3

Eh mbarang tangi turu ndeleng berita nang tipi wis di tulis nang pojok tipi d umumna signal 8
Mbarang wis awan malah munggah terus nganti siki kie malah Signal 9

Akeh toko toko hampir semua toko dan supermarket tutup paling market mini kayak OK Shop esih tetep buka
saking wedine mbok pertokoan sing tokone ngarepe kaca pada di perbani mbok di terjang angin mengko marekna pecah
Mall shoping center juga hampir kabeh pada tutup ora pada buka

jalan raya sepi ora nana bis utawa mini bis. paling mobil pribadi kue be jarang liwat

Supermarket ngarepe be di tutup nganggo dabag wdi mbok di terjang angin juga

Tempat parkiran taksi juga sepi , nengkene biasnae baik hujan ato panas taksi ora bakal kosong baik awan utawa bengi mesthi ana




Kie tah jere mung angin liwat nglewati HongKong malah jere mengko bengi semakin munggah. Gara gara angin topan kie bocah bocah sekolah libur, wong wong kantoran juga libur ora sah kerja pokoke smua pekerja libur ora nan wong kerja. Kie wis aturan sekang pemerintahe angger angin topan wis nganti signal 8 di wajibkan ora usah sekolah dan ora sah kerja kudu nangumah ora olih metu metu bahaya .

Siaran tipi juga setiap 15 menit nyiarna keadaan situasi nang njaba.


10 comments:

Bangsari said...

apik kuwe pemrentahe, cag ceg cara jawane.

Andy MSE said...

oooooooooo.... sampean lagi nang HK tha? kyeh kanca2 saka HK pada ngabari inyong nek HK lagi keno taifun... lhadalah... muga2 sampean pinaringan slamet, bagas, waras, kalis nir hing sambekala

kw said...

wow.. nang kampung lagi ketigo dowo.. ora ono udan.. :)

Anonymous said...

sliramu ora opo opo to ndo..moga moga ora kegawa angin topan...wis andon slamet bae yaaaa ati ati nang paran

Antown said...

asyikkkk...
wenak yo isok mlaku-mlaku nang kono

sing penting honocoroko *gak nyambung

suwun

kenny said...

wah ngeri, mugo2 kabeh selamet wae ya mbak salam

ipanks said...

numpang lewat iki mbak :D

Unknown said...

waduh jadi kelingan pas dolan nang acara ospek satra jawane Unnes pas nang Lerep. serba jawa ngomonge....seep... salam kenal saking semarang mbak yu

kenali, Si Dunia Aneh said...

Minyak
Angin
Aromatherapy
Mohon maaf lahir dan batiin.
Met idul fitri yach...?!
Kenali dan Kunjungi Objek Wisata di Pandeglang
MINYAK ANGIN AROMATHERAPYkenali

Hendi Permana Kusuma said...

Piye kabare dik ? semugon apik2x wae
Aku saiki ana neng Semarang.Koe wektu
Lebaran haji wingi mudik nyang Cila cap apa ora ?
Aku njaluk alamat emailmu yo ? Iki
alamat EmailKu !kabeh sing arep kenalan be aku monggo emailin ku nyang:hendi_permana_kusuma@indonesiaindonesia.com