Wednesday, December 12, 2007

NELANGSA

wong sing pada kerja nang Hongkong janjane nek duite di kumpulna bisa sugih luh. bayangna gajihe sewulane wis di tentukena standar HKD$3480 nek di etung nang Rupiah nek kurse paling rendah Rp1150/$1 jumlaeh Rp.4002000 kue resik olih mangane wis ana jatah tekan majikan manggon juga gratis nangumaeh majikan.

nek ngetung gajieh tah wach sekian tp ndeleng perinciane mesti gedeg gedeg. Libure Tiap minggu karo tanggal abang jenenge babu hongkong ora kalah karo sing kerja kantoran tanggal abang ya pada bae libur, jekelane Hp Bayar rekeninge $288 kue nek menitane sing di jatah sewulane ora jebol, tp nek jebol kadang sampe mluncak dadi $1500 plus tambah Pulsa sing nggo pranti Telp meng Indonesia karo Bojo utawa Pacar Ato Gendakan kurang lewihe $600, urung maning nek libur transportasine karo mangane $200 ya metu saben minggune. apamaning nek sing jekelane laptop ketambahan mbayar internete $150 utawa $200/wulan
kue kabeh urung di tambah karo tuku sabune shampone softeke komlpit kabeh jumlaeh ya mandan sangar gajih sewulan entek hihii nlangsane.

kue kabeh tergantung wonge sing nlakoni nek bocaeh gemi ya bisa olih duit nek ora ya anu kaya aku kie:D borose, nganti sering di omaih nang ramane karo biyunge

11 comments:

Slamet Widodo said...

wah, jolali nabung lho!
dadi BMI kudune cuman gawe golek modal, trus buka usaha ng nJawa. yu, blogmu tak link ng blogku yo!

hni said...

lha sempaean termasuk sing endi jeng???

cewekndeso said...

aku mbiyen ya termasuk super boros gajih sewulan malah tekor.
saiki wis ndue bojo yo rada mikir untuk kedepan. sampe arep mulih ndak berani mergo durung cukup modal.

Bangsari said...

jebul kana kene ya pada bae, jeneng mburuh pancene kudu ati ati. ndilalahe kawit mbiyen koh aku wis biasa urip kurang. dadi nek siki bisa nggolet duit sing mandang lumangyan ya insyaallah ora boros-boros banget. nek ora diniati pancene iya koh, entek ora jelas.

wingi pas nang singapur aku ngobrol-ngobrol karo supir taksi nang kana, nganti ping 3 karo wong sing beda. jebul ya pada bae, nang negara maju pun, sing jenenge nggolet duit pancene angel koh. lewih angel maning nek akeh kepingine.

ya moga-moga sing pada slamet kabeh mbekayune...

Anonymous said...

pada bae, mlebu akeh metu bocor

Pinkina said...

nabung nabungggggg...........

Anonymous said...

Mengko yen balek Indonesia ojo lali oleh oleh e ya, mbak yu.

Evan said...

BMI neng Hongkong koyoke luweh sumringah tinimbang konco2 neng jiran yo? Iso libur, gaji gedhe, lan ra pusing mikir colong-colongan Reog Ponorogo,dll.

ono said...

mending ora usah neko-neko lan nabung wae. Poso disek ben hasile mengko saget sumringah. Mbakyu... cerito panganan indonesia sing dikangenin lare-lare tkw, enten sing dodol pecel teng 852 ?

cewekndeso said...

kalo makanan indonesia apa ajadi sini ada dari yg namanya pecel sampe bakso
cuman siji sing ora nana mie ayam

Gambarpacul said...

mbok kang ngumah nggawa celengan semar yu....