Friday, January 4, 2008

KEGIATAN








Aktifitas sing pelu di kembangkan ora kur nang indonesia seharuse di manapun seperti disini "hongkong" akeh wong sing pada semangat belajar Pokoke belajar apapun seperti tarian hiphop, potong rambut, kecantikan, kursus bahasa inggris, dan yg paling semarak adalah komputer.

banyak organisasi organisasi selain sibuk dengan kegiatan masing masing tp diselingi karo kegiatan belajar menyediakan tempat kursus, tapi menurutku dari sekian tempat kursus sing apik ya YMCA soale terkordinir rapih, bersih tempate serta fasilitase akeh tapi policy nya kuat sekali gk masuk kursus tanpa ada alasan kuat gk bakalan dapat certificate.

sebenere YMCA iki greja cuman fasilitase akeh selain greja nang gedung kie ana restorane, hotel, dan tempat kursus untuk orang2 hongkong baik anak kecil ato anak2 muda dan juga orang dewasa.

khusus untuk orang indonesia ato untuk Domestic Helper "BMI" baik indonesia ato srilanka, philipina, ato dari negara manapun sing penting statuse kue kerja di buka tempat untuk belajar biasane dina sabtu karo dina Minggu dan juga Tanggal abang








kie nek pas kursus potong rambut " Hair Design"










nah kie di kelas Komputer Biasane awal awale belajar sing perlu itu perkenalan terhadap komputer lalu Words baru bisa lanjut seteruse MS EXCEL, MS ACCES, POWERPOINT, MS PUBLISHER internet level satu dan internet lever dua dan yang terakhir HOW TO BUILD AND MINTAIN YOUR OWN KOMPUTER




di YMCA biasane diadakan wisuda setiap tahun untuk sing wis melu kursus nang tahun sedurunge wisuda

15 comments:

Slamet Widodo said...

semangat yu! belajar dan belajar...

nyampek INA buka usaha sendiri...
jolali yen aku mampir diberi diskon ya...

Bangsari said...

apik temen kuwe yah. dadi kepingin koh...

cewekndeso said...

slamet widodo:> durung ngerti kie bali indo mbuh arep mbuka usaha apa tp ra pentinglah sing penting siki blajar mbokya??

bangsari:> ya ngeneh kang mbok rika nangkene bisa dadi guru komputer ato bahasa inggris lumayan koh apamaing nek blajari private 1 jam 50 dolar :D apamaning nek nang YMCA dadi gurune gajieh 200/jam jerene soale gurune itungane partime jere si :D

Anonymous said...

ojo sampek buka usaha ternak....
ternak tuyul, maksude

Gambarpacul said...

rika kursus apa kuwe yu?

kursus ngopeni bojo bae yu..nek ana

cewekndeso said...

kang slamet:> walah usaha tuyul ndakan mengko aku sugih mendadak malah di gebugi nge wong :(


pacul:> kursus ngopeni ora nana kang :D jan rika lah aneh aneh aben requese

Anang, yb said...

Mbak, ra popo yo aku nulis ning kene? Seneng nemu blog nganggo boso jowo. Ijolan link yuk..
Ojo lali mampir ning gubuk-ku www.jejakgeografer.com

cewekndeso said...

anang yb:> boleh aja monggo silahkan.........

Kombor said...

Wah, kegiatane padha manfaat kabeh. Aku meri soale kawit bayi nganti tuwek durung tahu melok kursusan.

kw said...

ho ho... asyik temen. kursus jadi penyanyi wae..

cewekndeso said...

kang kombor:> orasah melu kursusan ngoo ngopo wong wis pinter ngono kok :)


kw:> halah kursus dadi penyanyi wis telat! umurku wis setengah abad mendingan akune sing akeh dunga karo sing kuoso mbok sewayah wayah di panggil sang kuasa :)
tp kl kmu maupun gkpp ada kok latihan suara karo piano, balet, hixhix promosi nich :D

Omtri said...

Tapi setidaknya rika wes bisa lima bahasa Yu, Basa jawa, basa koek,basa kanton bagaskara, basa indo(opo malah ora iso?), basa inggrismu yo wes apik nu kok Yu. Tak biji 9,5 yo... Wah jebule kaya kue ta nek hongkong iku... nyong salut karo pihak sing perhatian karo BMI kaya sampeyan Yu... Nek ana lowongan guru basa inggris aku daptarno Yu... by the busway, 200 perjam iku rongatus opo Yu? Rongatus rupiah opo rongatus ewu? Nek rongatus ewu podo karo gajiku setengah sasi... enak nuh Yu. Gelem aku... Sapiku tak dole tak nggone sangu... Hongkong iku liwat Tulungagung iso Yu?

cewekndeso said...

triyanto:> rika nang tulungagung ta?
sapine arep di dol rega pira kue ? hixhix aku tah ora arep tuku kur takon :)
ya 200dolar rupiah ya 200 ewu lebih

amc multivision said...

maju terus pantang mundur!! Anda adalah pahlawan Devisa Negara. jangan patah semangat.... ( merdeka)

cewekndeso said...

amc multivision:> waduh semangate kang jyan matur sewun pokokoe atas dukungane! :)