Tuesday, November 27, 2007

LEBARAN




lebaran nang luar negri sering tek alami apamaning aku nang kene ya wis mandan termasuk jere wis jamuren wong anu arep 6 taun dadi ya wis 6 badanan aku nang kene
kawit taun 2002 aku mangkat tekan endonesia pamitan karo ramane lan biyunge arep meng hongkong niate kue kur arep 2 taun lah cukup ngitung gajih pas nang PT sewulan semene setaun sekian eh kenyataane tekan kene malah beda karo peritungane
jenenge nasib ya nasib ora nana sing ngerti arep kepenak karo orane menungsa bisane ya kur mung ngrancang sing kuasa kue sing ngatur.
lebaran nang luar negri ya ora kepenak adoh karo keluarga lan sanak sedulur, nelangsa pol tapi ya kepriwe maning jenenge wong kerja nang luar negri ya kaya kie terikat kontrak paling setithik 2 taun.
tapi lebaran nang kene ya rame apamaning nek lebarane jatuh pas dina setu utawa minggu uh ramene pol sholat idul fitrine selapangan kebek warna putih putih karena pancen jama'ahe 99% wong wedon. trus biasane nek bar sholat idul fitri akeh wong pada nganakna acara sukuran acara mangan mangan.
nek agi bulan puasa biasane konsulat indonesia ngundang beberapa dai tekan indonesia sing di gilir selama bulan puasa.
soale nang hongkong bene negara kafir tapi kan tetep ana mesjid kayak mesjid wanchai mesjid tsim sha sui trus masjid chaiwan maaf aku ora ngerti jenenge masjid masjide wong aku anu ora aktif nang organisasi dadi ya ora ngerti tapi nek tempat tempate ya ngerti.


No comments: