Thursday, November 15, 2007

**urip nang hongkong*

urip nang hongkong kabeh asline sing tekan indonesia mau maune ya babu tp mbarang tekan kene ya akeh pada nemu jodoh karo warga kene juga ana sing ketemu jodoh nang komputer. wong sing jenenge jodoh kue ya ora ana sing ngerti bakale ketemu nang ndi.
nangkene bis diarani surgane ndunya kesenangan soale apa bae kue bisa kelakon kelaksana asal ana duit bae. mayoritas sing nag hongkong kue tenaga kerja wanita "TKW" sing asale tekan philipina, indonesia, thailand, srilangka. gemien jere sedurunge tahun 2000 philipina mengecap recor tertinggi meng expor tenaga kerjane nang hongkong, tp siki wis beda justru indonesia malah indonesia 60 % terbanyak. subhanalloh bukane nang indonesia ra ana kerjaan tp karena kebutuhan ekonomi sing semakin duwur larang apa2ne nang indonesia. tp kebanyakan wong sing nang hongkong 80%pelarian tekan masalah batin contone kayak di putus pacar , rumah tangga hacur, sing terakhir ekonomi kurang tp sing akeh akehe ya putus hati krn cinta.
nek sing putus cinta mabarang tekan kene nek imane ra kuat ya ndadi kelakuane malah bejad contone sing dadi lesbian nek ora ya nggendak karo pakistan ato bule ato nepal. tp nek sing sing kuat imane ya smakin apik melu pengajian , melu organisasi pembela TKW nek ora ya malah ra kepengin bali indo. nek sing krn ekonomi malah apik guli golet duit kumpul di kirimna nangumah meng indonesia tp sing nang indonesia sing dadi wong lanang kue kadang kurang ajar bojone kesel2 kerja meras kringat nang kene temenan temenan tp sing dadi wong lanang nangumah malah nggolet bojo anyar ngenteknya duyane bojone sing ndue anak anake ra di urus malah anake nggo alat pemerasan bojone nek ora ngirim duit anake di gawa lunga tp ya kue ora kabeh tp ya akeh2e. mulane kadang nek wis dadi kayakue sing nang hongkong ra kepengin bali ngelingna bojone ato pacare kurang ajar dadi malas guli arep pada bali meng negarane dewek nganti2 ana sing 4 th ato 6 th ana juga sing nganti 10 th ra tau bali. bukane ra kepengin bali tp aku sing dadi tkw ya anu ngerti sajane atine kadang ya rindu karo wong2 sing nangumah tp arep bali mandan mikir maning akeh sing kudu di siapna. soal duit ya kudu akeh nek bali indo 10 juta ya minim nek bali indo nek kur cuti.
tp sukur alhamdulillah aku nang kene arep 6 th ya wis bali ping telu waloora nggawa duit sing penting waras slamet ya wes sukur alhamdulillah.ana cah wadon indonesia geh ngisin2na nang kene pacaran karo wong pakistan iya merasa bangga lanangan pakistan ngganteng ngganteng irunge mbangir mbangir gede duwur sangar sangar di bandingna wong indonesia cilik cilik pesek pesek ireng ireng gering gering mulane milih pakistane bae bangga awake ndue pacar ngganteng. tp se elek eleke wong indo esih ndue ati perasaan kemanusiaan lan ngajeni karo pacare ora ana kekasaran ngantemi pacar nendangi pacar modele wong indonesia nek wis ora sneng ato nek wis sengit ya cukup di putus sampe semene ora usah di lanjut maning beda karo wong pakistan jan nangudubillah udu menungsa temen wong sing jenenge pacar nang ndalan anu nang lapangan akeh wong gelem nendangi nampongi bocah wadone cah wadon indonesia sing ngisin2na ya kue ora ndue rai cah wedone wis diantemi wis di tendangi tp esih bae ngetutna bocah lanange gumun lho kue sifate boca wedon indonesia sing kedanen wong pakistan nang kene. padahal pacaran nang luar negri kue rugi nek minggu dina libur kudu nemoni pacare trus mlebu hotel nek bocah lanange ora ndue duit bocah wedone sing mbayar hotele pirang jam minimal ya 2 jam wis kayakuena kadang kadang nek bocah wedone wes bali nangumaeh majikan mengko bocah lanange golet sasaran liane.
tp ya aja salah biar babu statuse tp kan otake ora kabeh bodoh ora kayak aku kie ya anu termasuk B,0,D,0 hehehe nang hongkong janjane akeh bocah sing sekolahe duwur2 tp ana juga sing ora sekolah kyk aku kie. bocah bocah sing dadi tkw nang hongkong yaanu orakalah saing nek kon ndeleng artis indo krn neg kene oranisasi2 sering ngundang artis2 indo kon mengeneh juga dai dai kondang sering mengeneh bergilir nggo ngisi acara pengajian2 nang kene pengajian sing diadakna nang oraganisasi.
hongkong termasuk negara apik nek nggo kerja, tenaga kerjane terlindungi hak asasine bocaeh pinter2 nek majikan ora mbayar gajih ato menganiaya tenaga kerja bisa di laporna meng labour departemen tempat perlindungan tenaga kerja untuk smua . pemerintah hongkong bisane kur mandang ndi sing salah ora ngguru sesugih apapun nek salah ya ttp salah. kue enake nang hongkong beda karo nang luar negri liane hak asasi perlindungane nggo tenaga kerja kurang enakan nang hongkong. jerene biar babu kan gaul heheheh

7 comments:

ono said...

Mangkane, kulo slalu kagum kale lare2x TKW sing nggasili devisa buat negoro niki tetapi koq pemerintane jer mblegedes wae sakben taoen.
Mending babu tapi gaul, teng Jakarta kathah kuli necis berdasi tetapi katrok sedoyo. hehehe...

Bangsari said...

pancene iya koh. sing kuat imane ya tetep apik nang endi bae. sing ora kuat, ya elek nang endi bae. sing jenenge wong nang endi endi ya pada bae lah. cuman kadang kadang, wong dadi ora bener kan disebabaken akehe persoalan abot sing ora kuat ditanggung. tapi ya lewih sering disebabaken duwur karepe alias gengsi sing ora jelas. ya kaya sing karo pacaran karo wong pakistan kuwe. pancene iya koh, dadi wong indonesia nang endi endi tetep angel, sengsara.

soal sing ditinggal meng luar terus sing lanang mbojo maning, ya kuwe pada karo nang nggonku abgnsari. akeh sing kaya guwe. aku melas karo sing wedon koh. yen miturut angen angeku, wong lanang sing nganti akon bojone wedon kerja meng luar negeri kuwe wong lanang sing ngisin ngisini lah. masa iya wong lanang nganti ora bisa golet kasil, kebangeten banget koh...

cewekndeso said...

"kang terlihat" lagi krungu pisan iki nek onten kuli necis berdasi hehehhe

cewekndeso said...

pancen bener kang bangsari aku be heran koh ndeleng keadaan kayakue

Pinkina said...

mengerikan :-s

/*salam kenal mbak

cewekndeso said...

salam kenal juga viving dariku fitri

Evan said...

Evan yo wong ndeso,mbak yu. salam kenal yo