Wednesday, November 14, 2007

**baladesa sarwadadi**

aku janjane pingin usul kawit gemien soal urusan nang baladesa tp merga aku kie wong cilik ora pengalaman juga ora sekolah arep protes protes nang sapa. soale nek ora diomong kue ora bisa maju karena kritikan biarpun nglarakna sing di kritik nek ora trima tp kan bisa mendadani awak bene lewih maju lan lewih apik saoale petugas baladesa sarwadadi ya aku ora nunjuk sapa wonge kerja si ya kerja tugase embok ya di laksanakna sing apik nek ana surat mbok ya mandan cepet cepet diantarna mengumaeh sing di tuju bukane kue tugase petugas baladesa njujugna surat karena pak post kan ora ngerti alamate ngertine pak post nang jawa ya kur ngantarna meng baladesa selanjute ya petugas sing kerja nang baladesa sing ngaterna mengumaeh tp koh heran nek ana surat kenangapa ora langsung di jujugna meng sing di tuju malah di jorna bae nagnti pirang dina nang kana alasane ya sibuk apamaning nek sing ndue surat kue wonge pelit malah di jorna berminggu nang baladesa. mbok ya petugas baladesa mandan di rubah sifate guli kerja aja sekepenake atine dewek kadang sing mandan keterlaluan ya nemen njaluk upah guli njujugna surat apamanin g ngerti nek sing ndue surat nang luar negri tp aku si ya ra pernah di ngonokna cuman ya na batirku alias tanggaku ngalami kayakue.

4 comments:

Bangsari said...

Pancene iya koh. ora mung baledesa, wong sing jakarta be pada bae. dasar angel lah, nganti bingung olehe protes. wong cilik ora ana kanggone babar blas koh.

ono said...

sinten sih jenenge paladesane, tak senenane kene. Ngisin ngisini negoro tetonggo wae kuwi.

cewekndeso said...

ujarku kur sarwadadi thok sing kayakue wong nggone mbakyuku umaeh cedek tp dekne wes mlebu tegalsari tp petugase apik nek ana surat langsung di jujugna. eh mlh jakata juga kayakue
mulane aku ora kepengin ndue bojo wong sarwadadi nek bisa ya luar cilacap

cewekndeso said...

kepala desane mbuh sapa jenenge ra ngerti siki mbuh sapa siki sing tk ngertini ya jenenge derun liane ora ngerti apaming siki mbuh sapa sue sih aku ra nangumah bertahun dr th 1998 aku nang jakarta akhire meng hongkong. mbuh dadi apa mengko nek kyk kue terus makin ra ketulung kayane