Wednesday, November 28, 2007

KJRI


Pelayanan sing di wekna konsulat Jenderal Republik Indonesia (KJRI) nang hongkong urung cukup karo Harapane buruh migran endonesia (BMI) sing kerja nang Hong kong.

Ngadakna Poling SUARA nang bukan maret 2007 tentang Lembaga endi sing pertama di tekani nek ana masalah karo tempat lingkungan kerjaan? pertama KJRI, pindone: Organisasi BMI, Telune:Lebour Department, Papate: Lembaga liane

Suara sing metu akeh sing njawab nek pelayanan KJRI esih kurang apik ato esih kurang banget. akeh akehe ngaweh alesan nek Staf KJRI-HK sombong sombong lan sok banget mentang mentang pegawe nganggap BMI kue rendah po nek nglayani kasar kasar. merga kue ya nek dina minggu ora nana pegawe KJRI sing kerja, padahal dina minggu kan dinane akeh wong indonesia sing kerja nang hongkong pada libur. dadi akeh BMI sing kangelan nek arep ngadu masalah meng KJRI.

ana 15.3 persen sing njawab nek pelayanan KJRI kue apik lan sangat apik tapi ya pada aweh saran nek pegawe KJRI sing nglayani kudu lewih apik lan sopan aja mbeda mbedakna warga negara sing udu BMI.
anamaning sing ngomong nek pelayanan KJRI parah pol

9 comments:

Bangsari said...

iya koh. wingi aku gawe paspor. melasi banget koh sing pada arep kerja meng luar negeri. nganti bingung ceritane...

cewekndeso said...

rika gawe pasport? arep maring ndi rencane jalan jalan meng hongkong apa? ya ngeneh mumpung aku esih nang kene mengko tak jak jln2 keliling hongkong:D

Anonymous said...

salam tepang yu....sarwadadi sih kawung apa yoh?

Anonymous said...

bangsari arep nang tumasik, tuku pacul

cewekndeso said...

arep tuku pacul be ndadak gawe pasport segala. kae nang pasar kawunganten ya anu akeh koh ora usah ndadak nggaweni pasport kakehen sarat. nek meng pasar sarwadadi ora nana kae nang pasar bangsari mbokan ya anu akeh hi..hi..

salam balik lik pacul, jan pacue rika mandan sangar luh

Anonymous said...

lho... jarene wes apiek pelayanane KJRI lan bank bank indonesia seperti BCA, BNI sing enten teng mriko, niku seminggu sakwise kunjungan wapres JK teng hongkong lho. Sampek diomelin kale wapres para pegawai pelayanan masyarakat indonesia teng HK. sawise seminggu yo balek malih keasline. Koq angel tenan nggih ngatur tiang tiang ngoten niku, enak'e diapakne pegawai pelayan masyarakat niku.

Coba panjenengan laporke teng http://www.ombudsman.go.id lan nek saget ngomel ngalor ngidul etan ngulon sampek blenger. huuust.

kw said...

hi salam kenal.. asyik ya kerja nang hongkong?

Evan said...

Birokrasi roto2 pancen ngono yo mbak. susah. ngakune pelayan masyarakat, tapi malah nyusahke.

Slamet Widodo said...

sing sabar wae yo yu!
urip sakdermo nglakoni...